Sak cedake kutha Yogyakarta ana candi
Hindu seng paling apik ing Indonesia. Candi iki kedadeyane tahun abad-9 M.
Amarga manggon ing desa Prambanan, mulane candi iki kasebut Candi Prambanan. Caritane
ana pawongan sing sekti jenenge Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso kuwi pawongan
seng ngewangi Raja Pengging tanding Prabu Baka. Pungkasane, Raja Pengging
menang amarga diewangi Bandung Bondowoso. Amarga entok palilah saka Raja
Pengging, Bandung Bondowoso manggon ing Prambanan. Nalika manggon ing
Prambanan, Bandung Bondowoso nggumun marang rupane Roro Jonggrang sing ayu.
Roro Jonggrang kuwi anake Prabu Baka, mungsuhe seng wes dipateni.
Sinangsa ngono, deweke pengen nikahi
Roro Jonggang. Sak tenane Roro Jonggrang wedi arep nolak Bandung Bondowososing
wes mateni ramane. Roro Jonggrang gawe sarat kanggo Bandung Bondowoso kudu
gelem gawekke candi sing cacahe sewu karo loro sumur seng jero ing dalem sak
wengi. Bandung Bondowoso banjur usaha menuhi sarate seng dijaluk Roro Jonggrang
kanthi njaluk diewangi roh roh lelembut. Ngerteni Bandung Bondowoso diewangi
para roh lelembut, Roro Jonggrang kuatir yen penjaluke bakal kaleksanan. Deweke
nggugah para wadon-wadon supaya nuthuki pari nganggo lesung. Krungu suara kuwi,
pithik pithik padha tangi dikira wes wayah esuk. Kukuruyuuk…. Roh roh halus
padha mandhekake gaweyane dikira wes wayah awan.
Penggarapane candi kurang siji
nanging Bandung Bondowoso wes kalah amarga wes entek wektune. Bandung Bondowoso
mureng kaya bantheng ketaton. Roro Jonggrang disepatani Bandung Bondowoso dadi
arca. Arca kuwi ana ing jero candi gedhe nganti saiki dijenengi Candi Roro
Jonggrang. Candi candi seng ana neng cedhake jenenge Candi Sewu.