Shiny Flashy Green Matrix

Pages

CERITA RAKYAT INDONESIA = SEJARAH CANDI PRAMBANAN (VERSI BAHASA JAWA)


Sak cedake kutha Yogyakarta ana candi Hindu seng paling apik ing Indonesia. Candi iki kedadeyane tahun abad-9 M. Amarga manggon ing desa Prambanan, mulane candi iki kasebut Candi Prambanan. Caritane ana pawongan sing sekti jenenge Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso kuwi pawongan seng ngewangi Raja Pengging tanding Prabu Baka. Pungkasane, Raja Pengging menang amarga diewangi Bandung Bondowoso. Amarga entok palilah saka Raja Pengging, Bandung Bondowoso manggon ing Prambanan. Nalika manggon ing Prambanan, Bandung Bondowoso nggumun marang rupane Roro Jonggrang sing ayu. Roro Jonggrang kuwi anake Prabu Baka, mungsuhe seng wes dipateni.
Sinangsa ngono, deweke pengen nikahi Roro Jonggang. Sak tenane Roro Jonggrang wedi arep nolak Bandung Bondowososing wes mateni ramane. Roro Jonggrang gawe sarat kanggo Bandung Bondowoso kudu gelem gawekke candi sing cacahe sewu karo loro sumur seng jero ing dalem sak wengi. Bandung Bondowoso banjur usaha menuhi sarate seng dijaluk Roro Jonggrang kanthi njaluk diewangi roh roh lelembut. Ngerteni Bandung Bondowoso diewangi para roh lelembut, Roro Jonggrang kuatir yen penjaluke bakal kaleksanan. Deweke nggugah para wadon-wadon supaya nuthuki pari nganggo lesung. Krungu suara kuwi, pithik pithik padha tangi dikira wes wayah esuk. Kukuruyuuk…. Roh roh halus padha mandhekake gaweyane dikira wes wayah awan.
Penggarapane candi kurang siji nanging Bandung Bondowoso wes kalah amarga wes entek wektune. Bandung Bondowoso mureng kaya bantheng ketaton. Roro Jonggrang disepatani Bandung Bondowoso dadi arca. Arca kuwi ana ing jero candi gedhe nganti saiki dijenengi Candi Roro Jonggrang. Candi candi seng ana neng cedhake jenenge Candi Sewu.

13 komentar:

Silahkan berkomentar menggunakan kalimat yang sopan dan boleh mencantumkan link aktif.